Kata-kata:

"Sejelek-jeleknya tulisan/catatan/postingan, adalah sebaik-baiknya ingatan. "(anonim).

Friday, November 25, 2011

Bawor Dadi Guru


"Assalaamu 'alaikum warohmatullohi wabarokatuh Sedulur...."

Saiki Inyong (Bawor) lagi dadi Lakon "Bawor Dadi Guru" gagrag Mbeling Banyumasan .....Hua.... haa...haa

mengeti Hari Guru jarene....
=====================================================================
Bawor jan-jane arep protes karo dalange, knapa koh dadi lakon "dadi guru", tapi dalang pokoke sing wenang arep ngapakna bae karo janma menungsane.

Ndina-ndina jane ya protes ....
"Robbigfirli.... warhamni...., warrzuqni..... wahdini.... wa'afinii.... wa'fu'anni.....", donga-mantra, jompa-jampi, nyupang(nyuda-pangan) lan liya-liyana wis diusahani.

Knapa Bawor koh protes baen?
Ya iyyaa  laah....

Bawor ngrumangsani dadi menungsa biasa, malah-malah dideleng ora mitayani, sebab sering kesandhung-kesimpar, bola-bali ketlonyogen, ngomong-seomong ora direwes, dianggep pahh-poooh.... Hua haa haaa

Orapapa....batinne bawor
===============================================================

Protese Bawor:
  1. Robbighfirliiiii.....nyuwun dingapura lepat kula ngiiih..Gusti....Guru kula....tiyang sepah lan sinten kemawon.
  2. Warhamni.... Kula nyuwun kesaenan....Gusti.....
  3. ........
  4.  
================================================================
Bawor arep mikir knapa koh dadi lakon Guru:
Kaya-kayane Sing dadi guru kuwe :
A. Alane dadi guru:
  1. Bodho-bodho, sebab gampang dibodhoni.....
  2. Ora mitayani, mulane gampang diobok-obok.....
  3. Melasi, nrima ing pandum terus, akibate ora bisa golet pandum..... hua... ha....ha
  4. bayarane mundhak terus...., tapi kepunthal-punthal....
  5.  
  6. ndilaloooh .....ana baen sing padha iri, drengki maring Si Bawor
  7. ........
B. Apike dadi guru
     Ana sing ngomongna:
  1. dadi guru ora ana rugine, prei tetep dibayar
  2. dadi pahala-wan
=======================================================================
    Ana Postingan sekang : http://m-wali.blogspot.com/2011/11/puisi-hari-guru-2011_25.html
    Ana sing tek Kandelli maning
      Puisi Hari Guru 2011 | Postingan Berikut saya akan share tentang Puisi Hari Guru 2011.bertepatan hari ini lah jatuhnya hari Guru Sedunia. Berikut Puisi Hari Guru 2011, khusus buat Guru2 terhormat yg telah menjadikan kita semua Pintar

      GuruKu Yang SeTia
      Guru….. kau telah mengajariku semuanya
      Apa yang belum aku ketahui
      Dari yang tidak bisa menjadi bisa
      Setiap hari kau datang ke sekolah
      Membawa Ilmu untuk Bangsa, Negeriku
      Kesetiaanmu, pengorbanananmu terhadap bumi ini
      Mencoba bersabar untuk mengorbankan semua Ilmu…
      Guru tetaplah kau mengajarkan semua yang kau miliki
      Untuk Kami, Kita muridmu tercinta…….
      Sedikit Namun pasti, moga para GUru Indonesia makin sejahtera. Amin

      ====================================================================
       JaJAL ana pitakonan, tulung dijawab Seduluuur............!
      1. Apa artine sejahtera?
      2. Knapa Guru-guru kurang  sejahtera?
      3. Akibate apa nek Guru kurang sejahtera?
      4. Nek Guru Sejahtera arep kepriwe Pendhidhikane?
      ====================================================================
      Bawor arep utawa kepengin sejahtera, mulane lagi tapa-brata nggo nggolet wangsit ben bisa gawe pusaka piandel sing bisaa mrantasi masalah-masalah mau. Kepengin bisa gawe Robot sing bisa nggoletna Dhuwiiit......Hua...haa....haa.karo kepengin bisa gawe Robot sing bisa mulang murid-murid, Ben aja Bawor terus-terusan dadi Robot. Sebab nek Bawor sing dadi Robot bakale sering ora dhisiplin dadine sering salah karo disalah-salahna.

       Mulane ayuuuh para Sedulur, padha didhukung perjoangane Bawor yaaahh.....mulangi bocah-bocah ben padha dadi wong sing bener....

      Miturut Bawor Wong bakal  ngrasakna Sejahtera Nek:
      Perkara sing digolet utawa sing dibutuhna kuwe gampang, anehe isih bae saiki janne gampang tapi diangel-angel, digawe rumit karo njlimet. Dadine ya kurang sejahtera baen.
      Masalahe, sebab ora ngerti malah-malah wis ngerti tapi ora dienggo. Tapi kabeh mau masalahe beda-beda sing ora bisa dipadhakna. Contone biyen wong nutu pari ben bisa dadi beras, saiki apa isih ana wong gelem nutu pari nganggo alu. Dong jaman kuna critane jerene gawe geni bae angel, ndadak ngunyek-ngunyek kayu. Jaman siki, gari Ceklik terus metu genine. Jamane wis beda adoh. Jamane cilik Kaki Semar wis beda adoh karo jamane Bawor siki. Jamane Kaki semar tangi turu terus tunggu genen neng pawon, jamane Bawor tangi turu terus bisa nyekleki tombol listrik, TV karo Internet.


      Critane jare mbiyen nek nulis isih karo watu sabak, sing lucune jere gurune gole mbiji ana sing di stempelna neng tangane muride utawa neng bathuke. Hua... ha..ha. Kayane ngesuk-ngesuk garapane murid langsung diskor utawa dibiji langsung neng komputer/robot. Contone kan wis mlaku ujian nasional baen dibiji komputer.

      Bakale ngesuk ana maning komputer/robot sing bisa mbiji wong jujur utawa ora, karya seni karo liya-liyane.
      ===================================================================

      Bakalle murid karo Guru mlebu sekolah langsung diabsen nganggo sensor tangan utawa mata, dadi ora bakal dipalsu nganggo tanda tangan. Nek telat lawange ora bakal bisa mbukak. Sangsine bakal otomatis metu neng layar monitor utawa cithakan kertas. Lawange bisa mbukak nek sing nglanggar mau nyetujoni langsung nglakoni ukuman olahraga pemanasan nganti 2 jam-an.

      Nek warga sekolah ana sing ora mangkat, ngesuk bakalle ora perlu nulis neng kertas maning sebab ora efektif ya ora efisien, langsung sms maring nomer sekolahan, nek mriang sms-se karo ditambahi nomer unik keterangan dhokter, nek kepentingan keluarga karo nomer unik RT/RW.......Hua....ha....haa. 
       Aja kwatir Sedulur......handphone wis ajaib, nongol ganmbaree sing nyekel HP mau, HP Gratis ora perlu ngisi pulsa, kabeh gratis.

      Jajal dipikir....bangsa Indonesia wis bisa gawe montor mabur wis pirang-pirang taun kepungkur. Embane gawe Hp cilik-menthik koh ora bisa.

      Kanggone ngirit energi saben sekolah dipasangi sensor sing bakal ngirim data-data terpusat  maring pusat data Kecamatan-Kabupaten-Propinsi, nganti Nasional. Dadi umpamane ana Guru saiki sing ora mangkat bakalle bisa dingerteni Sapa, nang ngendi, pira cacahe, ping pira baen lan liya-liyane. Meden-medeni apa malah dadi apike...Sedulur....?   Hua.....haa...haa...hhaa........ (Nggilaaani.....)

      Bayarane Guru wis lumayan, Mulane guru dilarang keras utang-utang karo dadi Setan-Kredit. Sing kadhung duwe utang kepriwe Sedulur......Melas temen yaah.  Eh bakal dilunasi.....Hua....ha..ha....akeh badhan penjamin ben Gurune padha mutu.

      Bayarane Guru bisa  kepotong otomatis sebab telat utawa ora mangkat sing tanpa alasan bener.
      .........................................................................................................................................................
      Akeh  muridde Bawor sing padha dadi Ksatria, ana sing dadi Dhokter, Guru-Dhosen, Polisi, Tentara, Boss-Pedagang-Pengusaha, Pejabat Tinggi,  nganti Artis Selebritis. Ana sing jeneng parabane Blarak Obama ya tau diwulang neng Bawor

      .........................................................................................................................................................

      Mulange karo alat sing wis canggih-canggih: ana
      ~ led proyektor nggo pranti nyorot bahan blajar
      ~ Panel multi"layarsenggol"

      Wuiiiih Bawor ngimpi.......nglindur......apa lagi ngramal........?
      .........................................................................................................................................................

      Sedulur.........
      Jaman saiki bae tau di bedhek neng kaki-ninine Inyong biyen:

      Critane ngemben jamane wis ngedhab-ngedhabi.........

      wong bisa turu utawa merem baen bisa tekan maring tujuane, akeh perkara sing jaman samana ora tinemu nalar, malah nganti jaman saiki baen utekke Bawor ora bisa nyandak karo panemuan kawruh teknologi modern.






      0 comments: