Kata-kata:

"Sejelek-jeleknya tulisan/catatan/postingan, adalah sebaik-baiknya ingatan. "(anonim).

Thursday, March 10, 2011

Dabrulane Togog karo Bawor

Arep ngomong karo basane dhewek lahh...., idhep-idhep paribasane "bebek kon ora silem", basane dhewek kon ora dialeem. Mbuh kanan-kanane kepriben pirang-pirang temen basane menungsa neng alam dunya kiye. Ndilalah Si Togog karo Si Bawor laire neng tlatah sing basane kuwe "ngapak" banyumasan, mbuh bener orane olihe bebasan sebab urung ngerti paugerane basa banyumasan sing bener, pokokke ya salmoni baen laaah....hi,...hik..hik. Terus maninge google urung bisa 'nranslate' basa Banyumasan.

Bawor arep nyritakna anggonne nggedabrul ngalor-ngidul karo Si Togog, tembe baen Bawor ngejak Si Togog nonton VCD sing numpuk suwe ora tau dideleng isine. Ndilalah nyetel VCD sing judule "Jaman Keemasan" produksine NCR karya Harun Yahya, VCD koleksine Bawor.

Bawor : "Kepriwe Gog, karepmu...sing ana hubungane karo film mau?"
Togog : "Aku ya jelase ngarep-arep banget bangsa kita, wonge pada makmur kabeh, dadi bangsa sing peradabane kuwe cepet berubah kaya film mau, ora ana wong nang Indonesia jarene 'kaya raya, subur-makmur, gemah-ripah loh-jinawi' ko padha nandang kangelan nggo sarat pokok uripe.

Bawor : "Maning Gog, kenyataan sing perlu didandani kuwe apa terus kepriwe caramu? ya...dhewek kan menungsa biasa...bisane usaha karoo dedongaaa....thokk!"

Togog : Aku nlangsa....ya sedih ndeleng uripku dhewek, apa maning ndeleng wong sing sengisore...mulane ora gumun saiki akeh wong padha stress....gembluung....jahhhaat, sinng akibate nyilakani kluargane karo masyarakat.

Bawor : "sing dinlanngsani karo disedihi kowe apa Gog...contone?"

Togog : "contone....rungokna ya Wor...! Jajal pikir...! aku mung urip nggo nyukupi kebutuhan pokok baen wis kangelan. Lha kenyataane bareng tek etung-etung jaman siki dadi werna-werna kebutuhan pokok... Etung ya Wor..!
1. Sembako
2. Listrik
3. PAM
4. Pulsa HP, nggo pranti ngomong
5. Bensin go pranti mlaku
6. Blanja harian
7. Sangune Bocah
8. Sosial,, bangsane kondangan karo liyane...
9. Arisan.....
10. Sandhang, contone njait klambi...
11. Papan, contone ndandani payon...apamaning sing kena gempa.
12. Biaya Pendhidhikan

13. Biaya Internet, nek rika Wor...!!
14. Mbayar rewang, nek rika maning Wor...!!
14. Biaya Kesehatan, sing ora terduga...
15. Nyarutang....utange arang kranjang....kredit...thethek bengek...


16. Kudu nduweni celengan,
17. wektu luang, nggo anak-keluarga, refresing...ngibaadah.....karo bisa tapa kaya rika Wor!! jere nek tapa terus bisa dadi sekti apa wor? EEEh iya....bisa gawe robot yaah.... nggo perang!!!

18. Duwe sumber kasil sing gedhe.... ya..sing lancar...

Sing tek sedhihi banget Wor...nggo urip sedina-dinane baen isihh kurang apamaning bisa nyelengi.....



Nek 18 jumlahe wis bisa ter'cover' kayane...kayane ya....Wor uripku ora patiya susah..."

Bawor : "Wis, siki Gog...Embane kebutuhanmu bisa dibantu kabeh...terus ko arep kepriwe? dadi berubah tingkat kebutuhane ora?

Togog : "Ya wis mesthi...kepengin dadi wong sing sugih maning, bisa lunga Kaji, Muteri Jagad Raya....sedurunge 'mujur ngalor'ganti maring alam kubur...


Bawor : "Wis, siki dijajal usaha karo dedongaa Gog!"

Togog : "Oalaaah....wis usaha ndina-ndina.....ndonga ping kopang-kaping, tapi urung bisa mentas-mentas....kepriwe Wooor?"

Bawor : "Hak kabule donga kuwe neng GustiAlloh, menungsa mung wajibe ikhtiar/usaha terus tawakal kasile apik apa urung...
Aku nembe ulih wangsit, impen.....ilham ben bisa kabul kecukupan pirang-pirang kebutuhan mau"

Togog : "Kepriwen carane Wor...?"

Bawor : "Contone ko kepengin bebas biaya listrik saben wulane, invest/deposit baen maring inyong 5 jt baen....insyaAlloh dijamin sejeg urip bebas biaya listrik...mbok ra ngasi 100 ewu/wulan mbok, Gog?"

Togog : "Pinter ko ya Wor...lha dhuwitku mau nggo ngapa neng rika?"

Bawor : "Dhuwit mau sing kon kerja,....sebab nduweni dhaya ungkit....malah-malah nek beja maning bisa kecukupan kanggo mbiayani kebutuhanmu liyane..."

Togog : "Dadi aku ora perlu kerja maning apa wor....nek bisa deposit.?

Bawor : "Wong urip wis mesthi kerja, ambekan baen kerja....obah...mikir ya pegawean sing ora baen-baen...lho.."

Togog : "Jan-jane saben cacah wong bisa olih hak hidup kecukupan ya Wor....ora perlu mikir dhuwit sing kenjlimeten....brarti jaman keemasan pancen genah anane....bisa digawe ya Wor?"

===========================================================
Setu, 12 Maret 2011
Dina wingine neng Jepang
Bhumi gonjang-ganjing....
Wonge padha gonjang-ganjing....
Bhumine oragg.....laute...muntab
bannjir bandhang......

Si Togog : ''Slaman....slummuun...slamet...slamet....slameet", pendongane

Bawor : "Agi ngapa Gog? pernaeh kaya wong lagi ndonga apa agi nglindur?"

Togog : "Oaalaaaaah.....aku sing lagi gonjang ganjing...koh ana sing luwih gonjang-ganjing, apa kiye langite susah isih ana sendhuwure langit susah maning ya Wor?"

Bawor : "Koo lagi gonjang-ganjing apa maning Gog?"

Togog : "Tulung Wor...aku dhhuwite kasatan baen, kepriwe....apa utang bae...apa adol-adol...apa njalukk-nnjjalluk?"

Bawor : "Karepmu...sing apik sing endi....utang..adol, utawa njjaluk sing kkepenak sinng ngendi? Nek utang arep nggo ngapa, apa penting banget, apa kudu?"

Togog : "Arep nggo kondangan...kondangane lagi pirang-pirang. Oooo iyaa...aku arep takon wor, miturut agama jane ukume kepriwe kondangan mbok nyumbang?"

Bawor : "Aku yaa ora ngerti banget, takon nganah karo Kyaine, tapi miturutku nyumbang berarti kan bisa/mampu. Nek ukum kuwe bisa Wajib...Sunat....'boleh-boleh saja'....makruh...nganti Haram. Contonne mangan umume wajib nggo urip, tapi bisa haram nek ora bener utawa mbahayani.......mbok ora ulih mangan nganti kemlekereen....malah dadi penyakit. Kayane ko lagi kemlekerren kondangan mbok...ya uwis dipikir dhewek.

Togog : "Kayane malah tumrappe wong sing lagi KrisMon, Kondangan kuwe dadi penyakit Alergi......ha....ha...ha...hi..hi...hi...hiiii"

Bawor : "Geh...Gog, Wong sing diuji karo kekurangan berarti wong sing kuat utawa Sekti,...urung mesthi wong sing diwenehi lagi ana utawa keluwihan kuwe mau duwe kekuatan ngadhepi kekurangan.

Togog : "maksude kepriwe, aku urung mudheng?"
============================================================







0 comments: